Nggawé Gambar Tentang Penulis

Sak durungé aku njaluk ngapuró mergó tulisanku iki nganggo bósó jówó, tulisan iki tak gawé ngéné amergó aku lagi latihan nulis blog bósó jówó, dadi ya dimaklumi waé

Wulan wingi néng Group Facebook Inkscape Indonesia ónó sing takón masalah kóyó ing gambar ngisór iki

Aku ora reti jenengé jenis gambar nduwur kuwi, sak retiku jenis gambar ngono kuwi kerep ónó ing daftar riwayat penulis buku (biasané ónó ing lembar lampiran mburi), wis sebut aé lembar Tentang Penulis.

Sakbeneré ing group mau aku wis bantu njawab pertanyaan kuwi, lan ketoné séng takón yo wis isó lan mudeng córó nggawéné, tapi yó kuwi wis dadi kebiasa'an wóng Indonesia yaiku ora gelem nulis dókomentasiné yén masalahé wis rampung.

Ngisór iki tak tulis carané nggawé gambar kóyó ing nduwur kuwi nganggó Inkscape, sak beneré paling gampang sih nganggó Scribus utówó LibreOffice Writer

Buka aplikasi Inkscape, nek wis kebukak atur lembaré nganggó ukuran A4, bar kuwi gawé gambar persegi panjang sak ukuran lembar séng digawé sak durungé

Atur gradasi persegi panjang kuwi dadi wernó loro (dua warna), cóntóné kaya gambar ngisór iki

Gawé gambar persegi panjang kóyó córó sak durungé, tapi ukurané luwéh cilék, ójó lali digawé gradasi manéh

Gambaró persegi panjang ukuran ródó cilék (sedeng), bar kuwi gambar manéh persegi panjang sing luwéh cilik, yén wis dadi tumpuk persegi panjang paling cilik néng pójók nduwur sebelah kiwó persegi panjang ukuran sedeng, pilih gambar loro mau, teros klik Path => Difference

Gawé manéh gambar kóyó córó sak durungé, yén males nggambar manéh duplicate waé gambar sing digawé sak durungé, luwéh jelasé delók gambar ngisór iki

Gawé tulisan teks mengalir nganggó Text Tool, cóntóné kóyó néng ngisór iki  


Bar kuwi lebóknó tulisan myang njeró kotak persegi panjang sing digawé sak durungé, carané piléh (seleksi) obyék loro kuwi, klik Text => Flow into Frame

Yén cara nduwur mau wis bener kabéh hasilé kóyó gambar ngisór iki

Sak iki tulisan sing digawé wis lumayan apik, tapi kotak mburiné isih kéthók, mergó kuwi perlu diumpetké utówó digawé transparan, néng inkscape paling ora ónó telung córó nggo ngatasi masalah iki, séng pertama karo nómer loro nganggo jendéló pengaturan Fill and Stroke, carané klik ikon No fill utówó ngatur nilai óngkó alpha dadi Nól.
Cara  ketelu yóiku ngganggó Object Properties, carane klik Object => Object Properties, wénéhi tanda céntang ing menu Hide

Baléni langkah nduwur mau nggo nggawé tulisan kotak ngisóré, yan wis rampung kabéh, pasang foto utówó logo néng pójók kiwó nduwur tulisan, contoné kóyó gambar ngisór iki


Wis ah cukup sakméné disik latihan nulis bósó jówó iki, tanganku yó wis pegel ngetiké, sak liyané kuwi aku yó mesaknó sing mócó tulisan iki.

Postingan terkait:

4 Tanggapan untuk "Nggawé Gambar Tentang Penulis"

Silakan langsung tulis komentar Anda jika ada pertanyaaan, koreksi atau penjelasan lainnya sesuai tema pada artikel, budayakan ber-komentar dengan baik.