Ndamél Gambar Jam Dinding


Artikel niki lanjutanipun bélajar ngéblóg bósó jawi ingkang sak derengipun, isi kalian temanipun taseh  tutorial sédérhana, wónten ing artikél punikó temanipun nggambar Jam Dinding.

Bika' aplikasi Inkscape sésuai sistem operasi komputer njénéngan, ménawi sampun kébukak, atur lémbaripun ngagém ukuran  manual injih punikó 12cm x 12cm 

Selajéngipun panjénéngan gambar bujur sangkar ukuran 11 x 11 cm, ménawi sampun jénéngan atur pérségi panjang punikó wóntén ing téngah-téngah lémbar kérja ingkang didamél sakderengipun, supóyó saget wónten ing téngah-téngah lémbar kérja, tingali mawón gambar ngandap punikó 


Gambar nginggil wau tujuanipun badhe didadosakén Guide utawi garis bantu, córónipun  injih puniko klik gambar wau, arahakén kursor téng Menu Bar, klik Object => Objects to Guides utawi pencet tómból Ctrl+G, hasilipun otomatis gambar wau dadós Guides, contonipun kadós gambar ngandap punikó 

Damél gambar lingkaran sak ukuran lémbar kérjó, sukani wérnó sésuai sélera panjénéngan, contonipun kadós gambar ngandap niki 

Gambar maleh lingkaran ukuran ingkang radi alit ( 11 x 11 cm), panjéngénan sukani wérnó ceméng, atór gambar wau supóyó wontén ing téngah-téngah lingkaran ingkang agéng


Damél guides (guideline) Horizontal lan Vertical, panjénéngan ator supóyó wontén ing téngah-téngah lingkaran utawi lémbar kérjó 


Ménawi damélan nginggil wau sampun sédanten, klik lingkaran wérni céméng, arahakén kursor téng Tool Box => Gradiént, selajéngipun arahakén kursor téng Tool Control, pilih Create radial kalian Create gradient in the fill



Sélajéngipun damél wérni lingkaran wau dadós gradasi kanti wérnó ingkang bentén-bentén kadós gambar ngandap punikó 


Damél gambar bintang ingkang sudutipun 12 iji, córó ingkang paleng gampel injéh punikó kanthi ngisi óngkó 12 téng kotak Corners ingkang disediakén Tool Control.



Sukani Stroke utawi garis tepi ing gambar bintang wau kanthi ukuran 0,400 cm, córó nyukani stroke ugó ngator ukuranipun sagéd dipuntumindakakén kanthi nampilakén jendeló pengaturan Fill and Stroke.
Tujuanipun gambar bintang wau inggih pinikó damél patokan óngkó jam ingkang ajéng didamél



Damél óngkó sétunggal ngantós kaleh wélas wónten ing pucuk segitiga ingkang didamél sakderenge wau



Damél gambar segitiga ngagém Star Tool, córónipun klik ikon Star Tool ing Tool Box, lajéng  ing Tool Control pileh Polygon, ing kótak Corners isi kanthi óngkó tigó (3).


Klik Node Tool utawi pencet tombol F2, selajéngipun klik Convert selected to path utawi pencet tómból Shift+Ctrl+C



Tambahakén 2 (kaleh) titik node wóntén ing gambar segitiga sébélah kiwó


Tarik 2 node ingkang didamél sakderengipun dathéng arah kiwó dumugi guides vertical séhinggó abéntuk jarum jam ingkang agéng nanging ukuranipun céndak.


Damél gambar jarum jam radhi alit ingkang kégunaanipun kanggém ménit jam, sélajéngipun damél gambar jarum alit wérni abret ingkang kégunaanipun kanggém détik jam.


Tambahakén Start Markers kalian End Markers wóntén ing pucuk lan bóngkót jarum détik jam (jarum ingkang paleng alit).


Werni pucuk/bóngkót jarum kalian téngah-téngah jarum ingkang didamél dereng sami (abrit kalian cemeng), amargi niku pérlu didamél sami, córónipun injih punikó klik Extensions => Modify Path => Color Markers Match Stroke


Damél gambar lingkaran alit kagém penutup sékrup bóngkót jarum jam lan jarum ménit


Sélajéngipun damél wérni jarum jam kalian jarum ménit dadós gradasi kanti wérnó ingkang bentén-bentén contonipun kadós gambar ngandap punikó 


Akhirnya gambar Jam Dinding selesai juga dibuat, agar tampilan jam lebih menarik lagi sebaiknya tambahkan gambar tertentu seperti gambar dibawah ini


Eh, kok malah pakai bahasa Indonesia lagi :D

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Ndamél Gambar Jam Dinding"

Post a Comment

Silakan langsung tulis komentar Anda jika ada pertanyaaan, koreksi atau penjelasan lainnya sesuai tema pada artikel, budayakan ber-komentar dengan baik.